Bahan Pendalaman Kitab Suci Dewasa Jawa 2019

Cecala

Jaman samangké, gesanging manungsa tuwin titah ing donya kados-kados kaancam ing bebaya, malah kepara buminipun sampun risak. Asal usulipun bebaya utawi risaking bumi bo-ten amargi gunung-gunung sami njeblug utawi lintang-lintang ing akasa sami tubrukan. Pranyata, risaking bumi wonten gandhéngipun kaliyan éwah-éwahan iklim tuwin sansaya pa-nasipun hawa ing bumi. Punika kadadosan amargi tandang tandukipun manungsa ingkang sawenang-wenang ngrisak bumi papaning gesang.

Miturut para winasis, indhaking panasing bumi mahanani minggahipun segara tuwin wontenipun prahara ageng (tsu-nami) ingkang saged ngelebi kitha lan désa ngadésa sakiwa tengenipun. Wontenipun prahara ageng ugi saged nglebur pa-paning gesang kéwan-kéwan alit ingkang cacahipun kathah sanget. Sejatosipun, toya punika dados sumbering gesang, nanging ing jaman sapunika saged dados bebaya ingkang nggegirisi. Kawontenan mekaten punika njurung LBI ngajak warganing Pasamuan Suci maos tuwin nglelimbang carios banjir bandhang ing jamanipun nabi Nuh. Ing cariosipun nabi Nuh, kamot carios bab Gusti Allah, nasibing manungsa, leburipun bumi, tuwin pakaryan kawilujengan kanggé sadaya titah.

Cariosipun nabi Nuh saged dipun ginakaken minangka tuntunan kanggé nglelimbang tuwin ngrèkadaya nresnani bumi. Mugi krana panglimbang punika, raos pangraos kita dipun gugah awit dipun émutaken tuwin pinaringan pe-ngajeng-ajeng énggal. Cariosipun nabi Nuh dipun pèrang dados sekawan pèrangan. Sepisan, kadurakaning manungsa nuwuhaken sirnaning bumi. Kaping kalih, Gusti Allah lan

nabi Nuh sesarengan ngudi kawilujenganipun manungsa tu-win sadaya titah. Kaping tiga, bumi dados énggal kanggé papan gesangipun manungsa tuwin titah; pranjanji Dalem Gusti Allah ingkang boten badhé nglebur bumi malih. Kaping sekawan, Gusti Allah ngekahaken janji Dalem kaliyan ma-nungsa sinartan paring pranatan amrih lestantunipun bumi.

Kagem kawigatosan pamugkas, bilih babagan Gagasan Pendukung BKSN 2019 engkang taun-taun sakderengipun dipun satunggalaken kalian buku panduan umat, ing tahun 2019 punika bonten pun lebetaken, amargi ngemot isi engkang kathah sanget. Pramila kagem pemandu engkang saget pun unduh ngagem program QR code reader wonten ing barcode punika:

 

Pertemuan 1

SADAYA INGKANG MOBAHTUWIN GESANG SIRNA AMARGI KADURAKANING MANUNGSA (Kej. 6:1-13)

Ancas Tujuaning Pepanggihan:

  1. Umat mengertosi sabab-musababipun banjir bandhang ing jamanipun Nabi Nuh ingkang murugaken manungsa tuwin sadaya titahing Gusti sirna.
  2. Umat saged mbudidaya tuwin ngrèkadaya amrih lestan-tunipun bumi saisinipun.

Wekdalipun : 90 Menit

Sarining Panglimbang :
Ningali kawontenaning bumi dinten samangké, sawetawis pemerhati ekologi rumaos was sumelang tuwin ajrih menawi lelampahan leburing bumi ing Kitab Purwaning Dumadi ing-kang kaserat ing bab 6-7 kalampahan malih. Wonten sawetawis pratandha ingkang dipun gatosaken amargi sampun katingal. Sepisan, wontenipun senjata nuklir saha uji cobanipun, dipun kuwatosaken badhé nglebur bumi saisinipun. Kejawi punika wontenipun pambudidaya nyipta manungsa tiron saged da-dos bibit kawitipun risaking bumi. Ingkang langkung nguwa-tosaken, sawetawis tiyang kanthi sasekècanipun piyambak ngrisak bumi saha tetuwuhan. Tetaneman lan tetuwuhan ing wana dipun tegori. Wana, siti, toya, lan saisinipun dipun risak amargi kepingin bathi ingkang kathah. Malah kepara wonten paperangan saha karusuhan dipun wiwiti amargi rebatan siti garapanipun amrih saged dipun kuwasani saha dipun pamrih bathinipun.

Kejawi punika, pabrik-pabrik ngginakaken bahan bakar fosil kanggé ngurubaken mesin-mesin pranyata kebulipun mba-bayani. Karbondioksida saha metana sansaya kathah. Kamangka kita mengertos bilih karbondioksida punika ngrisak badaning manungsa. Émanipun, tetuwuhan ingkang ngolah karbondioksida dados oksigen sampun telas dipun sadé. Mila boten nggumunaken menawi bumi sansaya panas. Malah es ing kutub utara sampun léléh lan tundhonipun toya ing segara sansaya minggah. Sapunika kita ngraosaken hawanipun panas. Pranata mangsa ugi sampun boten saged dipun dados-aken pathokan kanggé niténi kawontenaning alam. Éwah-éwahaning bumi ingkang mekaten punika dumados margi tu-mindakipun manungsa ingkang boten nggatosaken tataning alam sawegung.

Nyatanipun boten wonten titah ingkang mobah tuwin gesang ingkang boten mbetahaken sanésipun. Gesangipun guman-tung kaliyan sesaminipun. Menawi sadaya tiyang mbudidaya gesang laras kaliyan karsa Dalem, temtunipun sadaya badhé pinanggih saé. Nanging menawi salah satunggal tumindak nerak tatanipun bumi, sadaya badhé ngraosaken boten sakè-ca. Kasunyatanipun, manungsa sampun nerak pranataning mobah mosiking alam. Mila bebaya tuwin bebendu ingkang badhé tinampi. Bumi saha manungsa badhé nampi akibatipun inggih punika risaking alam, malah kepara badhé nampi sir-naning bumi. Ing carios banjir bandhang ing jamanipun Nabi Nuh dipun jléntrèhaken bilih risaking alam margi tumindak-ing manungsa. Lumantar carios banjir bandhang, kita dipun ajak supados mawas dhiri saha nglenggana dhateng tumindak kita ingkang murugaken risaking bumi.

Pambuka

Kidung Pambuka
(Prayogi pangarsaning pepanggihan nyawisaken kidungan ingkang laras kaliyan isining pepanggihan. Conto kekidungan: Kidung Adi No 307 “Nyuwun Welas”)

Tandha Salib lan Salam
P Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci.
U Amin
P Mugi sih nugraha Dalem Gusti Yésus Kristus, asih tresna Dalem Allah Hyang Rama, tuwin Hyang Roh Suci tansah manunggila.
U Kaliyan kula sadaya.

Atur Cecala
Bapak, ibu, saha para sadhérék ingkang kinasih ing Kanjeng Gusti Yésus Kristus, sugeng sonten/dalu lan berkah Dalem. Mangga kita sami muji sokur konjuk ing Gusti awit taksih ke-pareng kempal sesarengan saperlu mirengaken Sabda Dalem. Ing wekdal mirunggan punika, Wulan Kitab Suci Nasional, kita badhé nglelimbang pakaryaning Pasamuan Suci, “Mar-tosaken Kabar Kabingahan Dalem Gusti ing Satengahing ri-saking bumi.” Pepanggihan badhé kalampah kaping sekawan kanthi tema (1) Sadaya ingkang mobah lan gesang sirna mar-gi kadurakaning manungsa, (2) Dipun timbali Gusti Ngles-tantunaken Bumi, (3) Gusti Allah ngènggalaken bumi kanggé sadaya titah, saha (4) Prajanji Dalem dhateng Manungsa.

Bapak, ibu, lan para sadhèrèk, mangga kita miwiti pepang-gihan kapisan punika ingkang mundhut kanthi irah-irahan Kabeh kang mobah lan urip sirna amarga kadurakaning manungsa. Waosan ingkang badhé kita lelimbang kapethik saking Kitab Purwaning Dumadi 6:1-13. Kita kaajak ngle-limbang kénging punapa sebabipun Gusti Allah nyirnakaken sadaya tumitah ?

Sembahyang Pambuka
P Mangga sami munjuk.
Gusti Allah ingkang mahasaé tuwin mahamirah, kawula munjuk sembah séwu nuwun krana peparing Dalem in-gkang sampun kawula tampi malubér-lubér, langkung-langkung kepareng gesang sesarengan kaliyan sedaya tumitah ing donya punika. Mugi wonten dhanganing penggalih paring berkah tuwin ngutus Hyang Roh Suci madhangi manah lan budi kawula. Kawula nglenggana bilih amargi raos umuk tuwin tandang tanduk kawula ingkang mbujeng pepinginan mblasar, bumi dados risak. Mugi kawula saged ndhèrèk pepanggihan punika kanthi saéstu saha saged mujudaken Sabda Dalem ing tindak tanduk kawula. Gusti, kawula aturi ngandika, kawula badhé mirengaken. Lantaran Sang Kristus Gusti kawu-la.
U Amin

Nglelimbang Sabda Dalem

Maos Sabda Dalem (Purw. 6:1-13)
Pangarsaning pepanggihan saged nyuwun dhateng(milih) sawetawis umat ingkang rawuh kanggé maosaken Sabda Dalem ing ngandhap. Saben ayat dipun waos gentosan, sora, saha las-lasan. Déné umat sanésipun mirengaken kanthi saéstu utawi ingkang ngasto Kitab Suci saged maos wonten ing batos.

1Nalika manungsa wiwit dadi akèh cacahé ana ing lumahing bumi, 2para putraning Allah padha sumurup, yèn putraning manungsa padha éndah warnané, lan ing kono banjur padha milih bojo miturut ing sasenengé. 3Nanging Yahwé ngandika: “Rohku ora bakal salawasé sudi manunggal lan manungsa, awit manungsa mono mung daging apes; dawané umuré bakalé satus rong-puluh taun.” 4Dhèk jaman samana-lan uga sakbakdané-raseksa kang padha urip ana ing bumi: iku sauwisé putraning Allah padha ngumpuli putrining manungsa, lan padha anak-anak. Iku kasebuté para digdaya ing jaman biyèn.

5Yahwé pirsa gedhéné kadurakaning manungsa ana ing donya, atiné mung tansah nggolèki piala ing sadina-dina. 6 Yahwé keduwung, déné biyèn gawé manungsa ana ing donya sarta gela penggalihé. 7Yahwé banjur ngendika: “Manungsa kang dak titahaké biyèn arep dak lebur saka ing lumahing bumi: iya manungsa, iya raja-kaya lan gegremet, sarta manuk-manuk ing awang-awang: awit aku getun, biyèn dadi dak gawé.” 8Mung Nuh kang olèh sih ana ing ngarsané Yahwé.

9Mangkéné babadé Nuh: Nuh iku wong kang becik, jujur ing antarané wong sajamané, lan uripé marek marang Allah. 10Nuh duwé anak telu: Sèm, Kam, lan Yapèt: 11Bumi dadi ala ing ngarsané Allah lan ana akèh tumindak paripeksa..

12Gusti Allah mirsani donya: banget anggoné rusak, awit kabèh wong ing bumi padha ngambah dalaning ala. 13Gusti Allah ngandika marang Nuh: “Mung kari sadhèla umuring manungsa: iku mula wus dadi kersaku, awit bumi dadi kebak paripeksa marga saka manungsa. Mulané manungsa bakal dak lebur bareng karo bumi.

Necep Sabda
Sadéréngipun saraséhan, menawi dipun raos saé saha mingunani tumraping ingkang rawuh, Sabda Dalem saged dipun waos malih. Sasampunipun punika, saraséhan kawiwitan.

  1. Miturut panjenengan, Punapa sesambetanipun perkawis “raseksa kang padha urip ana ing bumi” (ayat 4) kaliyan ka-durakaning manungsa?
  2. Kados pundi tanggapanipun panjenengan dhateng tu-mindakipun para raseksa?
  3. Punapa sebabipun Gusti Allah keduwung sampun ni-tahaken manungsa?
  4. Punapa gandhèng cènèngipun kadurakaning manungsa kaliyan titah ingkang sirna?

Neges Sabda
Pangarsaning pepanggihan caos sawetawis katrangan menggahing waosan ing-kang dipun lelimbang. Menawi dipun penggalih prelu, pangarsaning pepanggi-han saged nambahi katrangan ingkang kapundhut saking “Penjelasan Cerita Air Bah” ing Gagasan Pendukung.

Para raseksa sami umuk lan rumaos digdaya amargi kalebet dados putra-putraning Allah. Mila tumindakipun lajeng adi-gang, adigung, lan adiguna, nanging pungkasanipun sami kesupén dhateng jati dhirinipun. Gusti Allah lajeng paring pèmut bilih sejatosipun para raseksa namung manungsa lim-rah, namung “daging apes” saha umuripun namung 120 ta-hun. Umur 120 taun kalebet sekedhik kabandhingaken ing-kang kaserat ing Purwaning Dumadi 5.

Raos umuk ingkang tuwuh ing manahipun manungsa saged dados sumbering kadurakan. Amargi rumaos ampuh, ing ma-nah lan pikiranipun, lajeng katuwuhan pepinginan ingkang boten saé saha tundhonipun nuwuhaken tumindak ingkang sasekècanipun piyambak saha tumindak duraka.

Mriksani kadurakaning manungsa, Gusti Allah keduwung. Raos keduwungipun Gusti Allah dipun gambaraken kanthi cetha: Gusti Allah keduwung saha kuciwa manahipun ama-rgi manungsa ingkang dipun titahaken boten tumindak kados rancangan Dalem. Ing sekawit, manungsa dipun titahaken kanthi pangajab dipun timbali ndhèrèk rerèncang nglestan-tunaken bumi saisinipun saha murih karaharjanipun gesang. Éwa semanten, kawiwitan saking bapa Adam lan ibu Kawa, manungsa boten kendhat-kendhat nebih saking Gusti saha ngrisak bumi. Mila amargi kadurakaning manungsa punika, Gusti Allah netepaken paukuman kanggé manungsa. Gusti Allah netepaken sadaya titah kalebur: manungsa tuwin sa-daya ingkang tumitah ing alam donya. Gusti Allah priksa bilih kadurakanipun manungsa ngantos tumanem ngresep ing bumi saha ing sadaya titah. Bumi saha sadaya titah bo-ten namung kalépètan ing kadurakanipun manungsa nanging ndhèrèk nanggel kadurakanipun manungsa. Mila sadaya titah kalebur amargi kadurakanipun manungsa saha sirnanipun sa-daya titah nuwuhaken kasangsaran menggahing manungsa.

Ngemban Sabda
Pangarsaning pepanggihan ngaturaken bundhelaning waosan ingkang sampun dipun lelimbang :

Gesanging manungsa boten saged uwal saking sesaminipun. Gesanging manungsa tansah sesarengan, lung tinulung, ban-tu binantu, saha manunggil dados satunggal warganing ling-kungan. Mila, menawi manungsa nindakaken kadurakan, kadurakanipun boten namung ngrisak dhiri pribadi nanging badhé numusi dhateng sakiwa tengenipun. Menawi manung-sa nindakaken kadurakan, bumi badhé nemahi kasisahan lan karisakan.

Pangarsaning pepanggihan maosaken pitakènan lan caos kalodhangan dhateng umat supados paring wangsulan (dipun watesi sawetawis umat).

Miturut panjenengan, punapa contoipun tandang tanduk-ing manungsa ingkang murugaken risaking bumi?

Pangarsaning pepanggihan maosaken pitakènan lan caos kalodhangan dhateng umat supados paring wangsulan ingkang sampun dipun larasaken kaliyan pen-galamaning gesang.

Nyuwun dipun cariosaken conto risaking bumi ing-kang kita pranggguli ing sakiwa tengen kita? Punapa pan-jenengan ndhèrèk andhil damel risaking bumi?

Punpa ingkang saged dipun tindakaken kanggé mangsu-laken lestantunipun bumi.

Sembahyangan Umat
Sasampunipun mirengaken Sabda Dalem, umat kasuwun paring tanggapan srana nyawisaken lan ngunjukaken sembahyangan. Pangarsaning pepanggihan caos kalodhangan dhateng umat kanggé nyawisaken sembahyangan-sembahya-nipun. Sembahyangan saged awujud sembah puji, puji sokur, panyuwunan, lan sanésipun. Sembahyangan saged dipun unjukaken sacara spontan utawi maos saking sembahyangan ingkang sampun dipun cawisaken. Menawi wekdalipun longgar, sadaya umat dipun caosi kalodhangan kanggé ngunjukaken sembahyan-gan. Menawi sampun rampung, sembahyangan umat katutup mawi sembahyan-gan Rama Kawula.

Panutup

Sembahyang Panutup
Pangarsaning pepanggihan nyawisaken manahipun umat kanggé ngunjukaken sembahyangan panutup kanthi panyuwunan supados saged nindakaken karsa Dalem kanthi saéstu.

P Suwawi sami munjuk.
Gusti Allah ingkang mahaasih, kawula munjuk sembah nuwun awit sampun kepareng mirengaken Sabda Dalem. Kawula nyuwun mugi Hyang Roh Suci karsa nuntun kawula amrih kawula saged ngraosaken sih kamirahan Dalem lumantar gumelaring jagad saha kepareng man-gertosi karsa Dalem. Kawula kepéngin nindakaken pa-karyan ingkang selaras kaliyan karsa Dalem, ngambah ing margi Dalem, saha ndhèrèk Sampéyan Dalem mi-nangka sumbering kawicaksanan sejati. Kawula masra-haken jiwa raga konjuk ing ngarsa Dalem saha keparenga gesang kawula Sampéyan Dalem dadosaken sarana am-rih lestantunipun alam sawegung punika. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.
U Amin.

Tandha Salib
P Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Pu-tra, tuwin Hyang Roh Suci
U Amin

Kidung Panutup
Kidung Adi No. 391 “Méndah kita tanpa panuwun”.

 

Pertemuan 2

Dipun Timbali Nglestantunaken Bumi Saisinipun (Purw. 6:13-22; 7:11-17)

Ancas Tujuanipun Pepanggihan :

  1. Umat mangertosi bilih nabi Nuh dipun timbali dèning Gusti Allah kanggé nglestantunaken bumi lan sadaya ti-tah.
  2. Umat mangertosi bilih sadaya manungsa dipun timbali nanggepi timbalan Dalem Gusti, kanggé nglestantunaken bumi lan sadaya titah.

Wekdal : 90 Menit

Sarining Panglimbang :
Umumipun Kitab Suci ngemot carios-carios bab karsa Dalem Gusti Allah menggahing kawilujenganipun manungsa, ing-gih punika sesambetanipun Gusti Allah kaliyan manungsa. Nanging ing cariosipun nabi Nuh bènten. Cariosipun nabi Nuh kawiwitan saking tandang tandukipun manungsa ing-kang murugaken sadaya titahing Gusti Allah risak. Mriksani kawontenan punika Gusti Allah keduwung déné sampun nitahaken manungsa. Gusti Allah paring paukuman. Sana-jan Gusti Allah keduwung saha ngukum manungsa nanging taksih kepéngin milujengaken sadaya titah. Sanajan bumi kalebur, nanging Gusti Allah taksih paring kawelasan srana dhawuh dhateng nabi Nuh supados nglempakaken sadaya kéwan nyajodho. Punika nggambaraken bilih sadaya ing-kang dipun titahaken nggadhahi papan mirunggan ing ngarsa Dalem Gusti.

Menawi maos cariosipun nabi Nuh, pranyata wonten titah ingkang boten ketaman banjir bandhang. Ingkang dipun lebur namung kéwan-kéwan ingkang wonten ing bumi tuwin ing angkasa. Ulam, makluk sanésipun, tetuwuhan tuwin tetane-man boten kasebat ing carios wau. Ing tradisi Israel kina, wonten pemanggih bilih tetuwuhan ing bumi gesangipun gu-mantung ing bumi. Dadosipun, boten kapètang tetuwuhan ingkang saged tuwuh piyambak, nanging kedah manunggil kaliyan siti ingkang dipun enggèni (Purw. 1:12). Tetuwuhan boten badhé pejah sanajan kerendhem ing toya, malah kepara badhé thukul seger nalika boten keleban toya (Purw. 8:11). Sanajan to boten kacetha ing cariosipun nabi Nuh, tetuwu-han tuwin kéwan-kéwan ingkang gesang ing toya tetep dados kawigatosan kita. Liripun, pranyata tetuwuhan tuwin kéwan-kéwan ingkang gesang ing toya ugi kaancam ing bebaya, malah sawetawis sampun pejah amargi saking kadurakaning manungsa.

Gusti Allah ndhawahaken paukuman arupi banjir bandhang. Nanging ing carios wau, Gusti Allah tetep mahasaé, boten téga dhateng sirnaning manungsa. Gusti Allah milih nabi Nuh lan dipun wilujengaken. Nabi Nuh dipun suwun yasa prau kanggé kéwan sajodho-sajodho. Nabi Nuh dipun wilujengaken amargi kasetyanipun dhateng Gusti Allah. Nabi Nuh dados pralambanging kasagahan Dalem Allah nglestantunaken alam sawegung. Menawi dipun lelimbang kanthi lebet, pakaryan Dalem Gusti Allah punika saged nuwuhaken pengajeng-ajeng saha paring daya kanggé kita amrih sansaya grengseng nglestantunaken alam sawegung.

Pengajeng-ajeng kita dhateng pulihing alam saged arupi: Se-pisan, bumi ingkang sampun risak amargi kadurakaning ma-nungsa, saged dipun dandosi, dipun énggalaken, lan dipun udi lestantunipun. Kados ingkang dipun tindakaken déning nabi Nuh, kita saged damel utawi mangun papan, utawi “prau” ingkang saé saha ngarah dhateng lestantunipun bumi. Kita saged nulad nabi Nuh ingkang mbudidaya kanthi saèstu am-rih lestantunipun sadhèngah titah. Kaping kalih, nggegesang pengajeng-ajeng kita dhateng Gusti Allah ingkang tansah ngreksa bumi saisinipun. Gusti Allah sampun paring gesang tuwin ngreksa kita, mila iman kapitayan saha sembah bakti kita dhateng Gusti kedahipun dipun teguhaken. Kita dipun timbali kanggé nglajengaken pakaryan Dalem: ndhèrèk cawé-cawé nglestantunaken bumi. Gusti Allah boten badhé nilar lan nglebur manungsa (Purw. 8-9).

Pambuka

Kidung Pambuka
(Prayogi kacawisaken kidungan ingkang laras kaliyan sarining pepanggihan. Conto kekidungan: Kidung Adi No 395 “Amba Samya Memudya”)

Tandha Salib lan Salam
P Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Pu-tra, tuwin Hyang Roh Suci
U Amin
P Mugi sih nugraha Dalem Gusti Yésus Kristus, asih tresna Dalem Allah Hyang Rama, lan Hyang Roh Suci tansah manunggila
U kaliyan kula sadaya

Cecala
Pangarsaning pepanggihan ngaturaken utawi maosaken “Sarining Pepanggihan kaping II”. Sasampunipun punika, kalajengaken ngaturakan utawi maosaken “cecala” kados kaserat ing ngandhap minangka gegambaran lampahipun pepang-gihan.

Bapak, ibu, tuwin para sadhèrèk ingkang kinasih ing Gusti, sugeng sonten/dalu, Berkah Dalem. Dinten punika, kita mle-bet ing pepanggihan kaping kalih ing Wulan Kitab Suci. Ka-dos ingkang sampun kita lelimbang ing pepanggihan sepisan, bilih leburing bumi punika amargi kadurakanipun manungsa ingkang ngunggul-unggulaken dhiri pribadi saha tumindak sasekècanipun piyambak. Kita sampun dipun émutaken lu-mantar Sabda Dalem bilih tumindak mekaten punika nerak karsa Dalem Gusti tuwin murugaken risaking bumi. Kita ugi sampun nglelimbang saha ngupadosi cara rékanipun badhé ndhèrèk ngrampungi risaking bumi.

Taksih gayut kaliyan pepanggihan sepisan, ing pepanggihan kaping kalih punika, kita badhé sinau saking sugengipun nabi Nuh anggénipun nglestantunaken bumi. Nabi Nuh dados tu-ladha tiyang ingkang teguh ing kapitadosan, tuwin tiyang in-gkang mbudidaya lestantunipun bumi. Mila tema irah-irahan ingkang dipun pilih, “kita dipun timbali kanggé nglestantuna-ken bumi.

Sembahyang Pambuka
P Mangga sami munjuk.
Gusti Allah kawula, tuhu agung Asma Dalem ing sa-lumahing bumi: Luhur ngungkuli langit, kamulyan Dalem; sakathahing titah dipun pasrahaken dhateng pa-nguwasanipun. Kawula munjuk sembah séwu nuwun déné tansah dipun penggalih tuwin dipun reksa. Mugi wontena dhanganing penggalih nuntun budi lan manah kawula anggénipun badhé nulad sugengipun nabi Nuh ingkang satuhu setya dhateng timbalan Dalem ngles-tantunaken alam sawegung. Mugi kawula saged ndhèrèk pepanggihan punika kanthi saéstu, saha saged mujudaken Sabda Dalem ing tindak tanduk kawula. Gusti, kawula aturi ngandika, kawula badhé mirengaken. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula
U Amin

Nglelimbang Sabda Dalem

Maos Sabda Dalem (Purw. 6:13-22; 7:11-17)
Pangarsaning pepanggihan saged nyuwun dhateng(milih) sawetawis umat ing-kang rawuh kanggé maosaken Sabda Dalem ing ngandhap. Saben ayat dipun waos gentosan, sora, saha las-lasan. Déné umat sanésipun mirengaken kanthi saéstu utawi ingkang ngasto Kitab Suci saged maos wonten ing batos.

6:13Gusti Allah ngandika marang Nuh: “Mung kari sadhèla umuring manungsa: iku mula wus dadi kersaku, awit bumi dadi kebak paripeksa marga saka manungsa. Mulané ma-nungsa bakal dak lebur bareng karo bumi. 14Kowé gawéa prau saka kayu cemara: gawénen nganggo glagah penja-lin, njaba-njero rapetana mawa tir. 15Gawénen mangkéné: dawaning prau telung-atus élo, ambané sèket élo, lan dhu-wuré teluh-puluh élo. 16Prauné wènèhana payon, diturahi menjaba saélo. Ana ing ngiringan pasangana lawang: se-mono uga gawénen sungsun telu: ing ngisor, lotèngan ndhu-wuré, lan dhuwuré manèh.

17Awit aku arep nekakaké banjir gedhé kang ngelebi donya, bakal nglebur sawarnaning makluk urip ing kurebing langit: kabèh kang dedunung ana ing donya, bakal sirna. 18Nanging aku bakal nganakaké prejanjian karo kowé: kowé mungga-ha ing prau nggawa anakmu lan bojomu, lan bojoning anak-anakmu. 19Kabèh sing urip kudu kok gawa munggah prau sajodho-sajodho, karebèn lestari urip bareng kowé: kéwan lanang sarta wadon. 20Sawarnaning manuk, sawarnaning raja-kaya, sawarnané kang gumremet ana ing lemah, kudu ana sajodho sing mèlu, lan lestari urip. 21Kowé nglumpukna pangan sarta gawéa tandhon, dadi kowé sarta kéwan-kéwan ana sing dipangan.” 22Nuh tumindak mangkono. Kabèh dhawuhing Allah dilakoni.

7:11Nuh ngancik umur nem-atus taun, sasi kapindho, dina kang kapitulas, ing dina iku kabèh sumber kang ana telenging kawah ngisor mubal lan lawanging langit kabèh binuka. 12Udan tumiba ing bumi patang-puluh dina patang-puluh bengi. 13Ing dina iku uga Nuh munggah ing prau nganthi anaké, Sèm, Kam, lan Yapèt, karo bojoné Nuh lan bojoné anaké telu. 14Sawarnané kéwan galak, lan sawarnané kéwan ingon, sarta sawarnané gegremet lan sawarnaning manuk, sawarnaning kéwan iwèn padha mèlu mlebu. 15Sing mèlu Nuh munggah ing prau iku sakèh sato kèwan kang sinungan urip, saben-saben nyajodho. 16Kang mèlu mlebu iku saben-saben sato urip sing lanang lan sing wadon, miturut dhawuhing Allah. Yahwé nuli nutup lawanging prau, sawisé Nuh mlebu. 17Patang-puluh dina banjir bandhang ngelem bumi. Banyu munggah lan ngangkat prau saka ing lemah nganti tekan dhuwur.

Necep Sabda
Sadéréngipun saraséhan, menawi karaos saé saha mingunani tumraping ingkang rawuh, teks dipun waos malih. Sasampunipun punika, saraséhan kawiwitan. Me-nawi kaanggep saé tuwin saged dipun lampahi, pangarsaning pepanggihan saged damel kelompok-kelompok alit.

  1. Linandhesan Purw Dumadi 6: 8-10, nabi Nuh punika sin-ten?
  2. Kados pundi caranipun nabi Nuh yasa prau?
  3. Punapa ginanipun nabi Nuh yasa prau ageng?
  4. Kados pundi caranipun nabi Nuh ngempalaken sadaya makluk ingkang sinungan gesang, nyajodho-nyajodho?
  5. Kados pundi caritanipun ngantos wonten banjir bandhang? (Kados pundi ringkesaning carita banjir bandhang?)

Neges Sabda
Pangarsaning pepanggihan caos sawetawis katrangan menggahing waosan ingkang dipun lelimbang. Menawi dipun penggalih prelu, pangarsaning pepanggihan saged nambahi katrangan ingkang kapundhut saking “Penjelasan Cerita Air Bah” ing Gagasan Pendukung.

Nabi Nuh dados bapa kulawarga ingkang tansah nindakaken dhawuh saha kersanipun Gusti Allah. Gesangipun tanpa cacat menggahing Gusti Allah. Gusti Allah rena dhateng nabi Nuh amargi tansah setya.

Nabi Nuh nampi timbalan saking Gusti Allah damel prau. Gusti Allah badhé nglebur bumi mawi banjir bandhang. Prau ingkang dipun damel agengipun ngungkuli prau-prau saumumipun. Lebetipun kedah kapèrang-pèrang dados tigang tingkatan saha dipun perang-perang malih supados saged kanggé mapanaken manungsa tuwin kéwan-kéwan.

Gusti Allah sampun paring sasmita yèn badhé nglebur sadaya ingkang mobah lan gesang. Mila nabi Nuh kedah nyawisaken papan kanggé anak bojo tuwin mantunipun, saha nglebetaken sadaya jinising kéwan ingkang cacahipun sajodho-sajodho. Kejawi punika, nabi Nuh ugi kedah nyawisaken tedha kang-gé sedayanipun. Menawi ningali carios ing kitab Purwaning Dumadi, tedhanipun kéwan lan peksi namung jinising woh-wohan, wiji, lan ron-ron ijo.

Nalikanipun prau lan sadaya uba rampénipun kacawisaken, pranyata nabi Nuh boten sisah madosi kéwan-kéwan amargi sadaya sampun sami marek piyambak-piyambak. Gusti Allah ingkang nuntun kéwan-kéwan wau anggénipun mlebet prau.

Sasampunipun sadaya mlebet prau, Gusti Allah lajeng nutup lawangipun prau.

Manut gegambaranipun alaming Yahudi, toya ing jagad ma-panipun wonten ing nginggiling langit saha ing sangandha-ping bumi. Bumi punika papanipun wonten ing ngandhap langit saha sanginggiling dhasaring bumi. Gegambaripun: toya dumugi bumi punika kadadosanipun amargi Gusti Allah mbikak lawang-lawanging langit utawi sumber-sumber ing dhasaring bumi dipun bikak. Mila, banjir bandhang kawiwi-tan saking lawang-lawanging langit binuka lajeng toyanipun sami mili mandhap. Déné sumber-sumber toya ing ngandhap ugi binuka saéngga toyanipun mumbul. Toya saking nging-gil saha ngandhap manunggil ing bumi saha lajeng ngelebi bumi. Dangu-dangu toya dados kathah, praunipun Nabi Nuh ngambang nanging sadaya ing wonten lebeting prau pinang-gih wilujeng.

Ngemban Sabda
Pangarsaning pepanggihan caos bundhelaning waosan ingkang sampun dipun lelimbang :

Gusti Allah paring paukuman nglebur manungsa tuwin bumi awit tumindak duraka lan nistha. Éwa semanten Gusti Al-lah boten nègakaken manungsa manggih cilaka awit taksih paring margi manggihaken kawilujengan. Manungsa ingkang ingkang tumindak leres nampi sih kamirahan Dalem.

Gusti Allah boten namung milujengaken manungsa nanging sadaya titah. Ing ngarsanipun Gusti Allah sadaya titah dipun ajèni saha dipun tresnani.

Nabi Nuh dados gegambaran saha tuladha tetiyang ingkang kanthi saèstu nindakaken dhawuh Dalem langkun-langkung anggénipun mbudidaya nglestantunaken bumi ingkang risak saha kaancam ing pejah.

Pangarsaning pepanggihan maosaken pitakènan saha caos kalodhangan dhateng umat supados paring wangsulan ingkang sampun dipun larasaken kaliyan pen-galamaning gesang.

Punapa ingkang sampun kita tindakaken kanggé ngudi les-tantunipun makluk gesang ingkang sapunika kaancam ing pejah?

Sembahyangan Umat
Sasampunipun mirengaken Sabda Dalem, umat kasuwun paring tanggapan srana nyawisaken lan ngunjukaken sembahyangan. Pangarsaning pepanggihan caos kalodhangan dhateng umat kanggé nyawisaken sembahyangan-sembahya-nipun. Sembahyangan saged awujud sembah puji, puji sokur, panyuwunan, lan sanésipun. Sembahyangan saged dipun unjukaken sacara spontan utawi maos saking sembahyangan ingkang sampun dipun cawisaken. Menawi wekdalipun longgar, sadaya umat dipun caosi kalodhangan kanggé ngunjukaken sembahyan-gan. Menawi sampun rampung, sembahyangan umat katutup mawi sembahyan-gan Rama Kawula.

Sembahyangan Panutup
Pangarsaning pepanggihan nyawisaken manahipun umat kanggé ngunjukaken sembahyangan panutup kanthi panyuwunan supados saged nindakaken karsa Dalem kanthi saéstu.

P Suwawi sami munjuk.
Gusti Allah ingkang Maha Asih, kawula munjuk sem-bah nuwun ing ngarsa Dalem awit Sabda Dalem ingkang sampun kawedhar dhateng kawula. Kawula nyuwun mugi Hyang Roh Suci karsaa nuntun kawula amrih saged ngraosaken sih kamirahan Dalem lumantar gumelaring jagad saha kepareng mangertosi karsa Dalem. Kawula kepéngin nindakaken pakaryan ingkang selaras kaliyan karsa Dalem, ngambah ing margi Dalem, saha ndhèrèk Sampéyan Dalem minangka sumbering kawicaksanan sejati. Kawula masrahaken jiwa raga konjuk ing ngarsa Dalem saha keparenga gesang kawula Sampéyan Dalem dadosaken sarana amrih lestantunipun alam sawegung punika. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.
U Amin.

Tandha Salib
P Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci
U Amin.

Kidung Panutup
Kidung Adi No. 396 “Luhurna Asmaning Pangéran”

 

Pertemuan 3

Gusti Allah Ngènggalaken Bumi kanggé para titah (Purw. 8:1-5, 8-19)

Ancas Tujuaning Pepanggihan :

  1. Umat saged manggihaken gegambaran umating Allah bilih saget nyariosaken pakaryan Dalem Gusti Allah ing-kang tansah setya ngènggalaken bumi saisinipun.
  2. Umat ngraosaken bilih Gusti Allah tansah manggihaken kalodangan njagi tuwin nresnani titah lumantar prastawa mobah mosiking alam sawegung.

Wekdal : 90 Menit

Sarining Pepanggihan :
Gusti Allah punika mahaasih, mahatresna, landhung kasa-barinipun, saha matumpa-tumpa sih kamirahan Dalem. Gusti Allah ngetingalaken sih kamirahan Dalem srana milujengaken nabi Nuh tuwin sadaya titah ingkang dipun singidaken ing prau. Sugengipun nabi Nuh sampun ngetingalaken kasetyan saha sih kawelasan Dalem Gusti Allah dhateng manungsa ingkang dosa saha dhateng titah Dalem ingkang sampun ri-sak. Sasampunipun banjir bandhang, Gusti Allah yasa bumi énggal papanipun para titah gesang. Malah kepara pakaryan Dalem Gusti boten mandheg ing jaman ingkang sampun kelampah, nanging dumugi samangké Gusti Allah tansah ngènggalaken bumi. Nalika kedadosan-kedadosan ingkang ngrisak bumi, Gusti Allah tansah setya nyipta bumi saha titah énggal. Raja kaya, kéwan-kéwan, lan tetuwuhan tetep lestari tuwuh énggal malih, boten sirna.

Dinten samangké, kita ngadhepi kawontenan ingkang mriha-tosaken: bumi risak, raja kaya, kéwan-kéwan, lan tetuwuhan kaancam ing bebaya pejah amargi tumindakipun manungsa ingkang boten laras kaliyan karsa Dalem saha boten nresnani bumi. Tetaneman dipun tegori sasekècanipun piyambak, lan siti dipun keruk ingkang pungkasanipun sumber-sumber toya ical. Pranyata tumindakipun manungsa malah ndamel cilaka sesaminipun amargi sumber-sumbering gesang dipun telasa-ken. Hawa séhat tuwin seger, toya resik, tuwin bumi papa-nipun gesang tetuwuhan sampun ical. Lumantar cariosipun nabi Nuh, kita saged methik intinipun bilih Gusti Allah tetep setya ngreksa tuwin nresnani bumi sanajan sampun dipun risak déning makluk manungsa. Dosanipun manungsa boten dados pepalang karsa Dalem Gusti Allah anggénipun tansah ngénggalaken bumi saisinipun.

Kita dipun timbali déning Gusti Allah supados nresnani bumi saha nggadhahi semangat tobat saking tumindak duraka dha-teng bumi; mbudidaya nyambut karya kanggé nglestantuna-ken bumi saisinipun kanthi langkung saéstu manut tataning alam ingkang sampun kinersakaken déning Gusti. Gusti Allah tansah nyipta bumi saha langit énggal. Mila kita nggadhahi kuwajiban ndhèrèk makarya sesarengan Gusti. Gusti sampun nyipta bumi énggal, mila kita ugi kedhah nindakaken pakary-an kados ingkang dipun tindakaken déning Gusti. Kita dipun timbali kados Nabi Nuh supados purun sesarengan kaliyan Gusti mangun malih bumi ingkang sampun risak.

Pambuka

Kidung Pambuka
(Prayoginipun kacawisaken kidungan ingkang laras kaliyan témaning pepanggihan. Contonipun, KA 402 “Puji Sokur Katur Gusti“.

Tandha Salib lan Salam
P Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Pu-tra, tuwin Hyang Roh Suci.
U Amin
P Mugi sih nugraha Dalem Gusti Yésus Kristus, asih tresna Dalem Allah Hyang Rama, lan Hyang Roh Suci tansah manunggila.
U Kaliyan kula sadaya.

Cecala
Pangarsaning pepanggihan ngaturaken utawi maosaken “Sarining Pepanggihan kaping III”. Sasampunipun punika, kalajengaken ngaturakan utawi maosaken “cecala” kados kaserat ing ngandhap minangka gegambaran lampahipun pepang-gihan.

Bapak, ibu, lan para sadhèrèk ingkang kinasih ing Gusti Yésus Kristus, sugeng sonten/dalu, berkah Dalem. Mangga kita muji sokur ing ngarsa Dalem Gusti awit krana kamirahan Dalem kita saged kempal malih minangka warganing Pasamuan Suci. Menawi ningali malih pepanggihan minggu kapengker, kita sampun dipun émutaken dhateng timbalan kita kanggé nresnani bumi. Sarining pepanggihan kapengker inggih punika kita dipun ajak nulad nabi Nuh ingkang karsa nanggapi timbalan Dalem nglestantunaken bumi saisinipun kanthi yasa prau saha ngempalaken sadaya ingkang mobah lan gesang. Déné, ing samangke, kita badhé nglelimbang pakaryan Dalem Gusti ingkang tanpa kendhat ngénggalaken bumi saisinipun. Intinipun pepanggihan inggih punika kénging punapa sebabipun Gusti Allah boten kendhat anggénipun ngénggalaken bumi saisinipun?

Sembahyang Pambuka
P Mangga sami munjuk.
Pinujia Gusti Allah, Rama Dalem Gusti kawula Sri Yé-sus Kristus. Kawula muji sokur tuwin atur pangalem-bana krana asih tresna Dalem sampun ngreksa kawula lan sadaya titah. Kawula ugi munjuk sembah nuwun awit kawula kepareng ngempal malih saperlu nglelimbang Sabda Dalem. Mugi wontena dhanganing penggalih rawuh madhangi budi saha manah kawula amrih saged ngraosaken pakaryan Dalem milujengaken manungsa. Sampéyan Dalem tansah nèlakaken katresnan Dalem dhateng manungsa. Mila kawula nyuwun kawulanga su-pados mangertos kekeran agung punika. Mugi kawula saged ndhèrèk pepanggihan punika kanthi saéstu saha saged mujudaken Sabda Dalem ing tindak tanduk kawula.
Gusti, kawula aturi ngandika, kawula badhé mirengaken.
Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.
U Amin.

Nglelimbang Sabda Dalem

Maos Sabda Dalem (Purw. 8:1-5, 8-19)
Pangarsaning pepanggihan saged nyuwun dhateng(milih) sawetawis umat ing-kang rawuh kanggé maosaken Sabda Dalem ing ngandhap. Saben ayat dipun waos gentosan, sora, saha las-lasan. Déné umat sanésipun mirengaken kanthi saéstu utawi ingkang ngasto Kitab Suci saged maos wonten ing batos.

8:1Gusti Allah banjur kèmutan Nuh sarta kabèh kéwan galak lan kéwan ingon kang nunggal dadi siji ana ing prau. Gusti Allah nekakaké angin, midid liwat ing bumi, lan banyu-banyu wiwit surut. 2Sumbering kawah ing ngisor lan la-wanging langit ditutup; lan udan sing tumiba saka ing langit pampet. 3Banyu saya mudhun piyak saka ing bumi; bubar satus sèket dina banyu banjur surut. 4Ing dina kang kapitu-las, sasi kapitu, prau kandhas ana ing pagunungan Ararat. 5Banyu terus angok nganti tekan sasi kesepuluh: ing dina kapisan, plethèking sasi kasepuluh pucak-pucaking gunung katon mencungul.

8:8Nuli disusuli ngeculaké manuk dara, kanggo tilik, apa banyuné ing lumahing bumi wis surut. 9Nanging dara arep méncok ora olèh papan, mula banjur bali menyang prau: awit banyu isih ngacaki salumahing bumi. Nuh ngetokaké tangan, nyekel dara lan dilebokaké ing prau manèh. 10Ban-jur isih ngentèni pitung dina, nuli ngeculaké dara manèh. 11Nalika dara soré bali mulih, ana ing cucuk nggawa carang godhong jaétun isih seger. Nuh banjur mangerti, yèn banyu-nè ana ing bumi wus surut. 12Isih ngentèni pitung dina, ban-jur ngeculaké dara manèh, nanging dara wis ora bali.

13Nuh umuré ngancik nem-atus siji taun: sasi kapisan, ing dina kang kapisan, banyu ing bumi surut. Nuh mbukak pay-oning prau lan ngungak ing jaba: ing kono lemahing bumi wis asat. 14Sasi kapindho, dina kang ping pitulikur, bumi gar-ing. 15Gusti Allah banjur ngandika: 16“Metua saka ing prau, kowé lan bojomu, anak-anakmu lan bojoné anak-anakmu ajaken. 17Kabèh kéwan sing mèlu kowé gawanen metu: kabèh sato urip kang wujud manuk, kéwan kang rumang-kang lan kang gemremet: karebèn ngebaki bumi, dadi subur lan tangkar tumangkar ana ing bumi. 18Nuli Nuh lan bojoné anak-anaké padha metu. 19Lan kabèh sing kéwan galak, sing kéwan ingon, manuk-manuk lan kabèh kang gumremet ing bumi mudhun saka ing prau manut jinisé dhéwé-dhéwé.

Necep Sabda
Sadéréngipun saraséhan, menawi karaos saé saha mingunani tumraping ingkang rawuh, teks dipun waos malih. Sasampunipun punika, saraséhan kawiwitan. Me-nawi kaanggep saé tuwin saged dipun lampahi, pangarsaning pepanggihan saged damel kelompok-kelompok alit..

  1. Kados pundi kalampahipun banjir bandhang surut?
  2. Kados pundi caranipun nabi Nuh ningali banjir bandhang-ipun sampun surut punapa déréng?
  3. Pakaryan punapa ingkang dipun tindakaken Gusti kanggé ngènggalaken bumi saisinipun?
  4. Kados pundi ngadhepi mobah mosiking prastawa alam tumitah?

Neges Sabda
Pangarsaning pepanggihan caos sawetawis katrangan menggahing waosan ing-kang dipun lelimbang. Menawi dipun penggalih prelu, pangarsaning pepanggi-han saged nambahi katrangan ingkang kapundhut saking “Penjelasan Cerita Air Bah” ing Gagasan Pendukung.

Sasampunipun sawetawis dangu toya ngelem bumi, Gusti Allah émut dhateng nabi Nuh saha kéwan-kéwan ingkang sareng nabi Nuh ing prau. Gusti Allah lajeng nutup sadaya sumbering toya ing samodra tuwin kori-korining langit. Karana dayaning angin, Gusti Allah nyingkiraken toya ing-kang ngelem bumi. Boten dangu puncaking redi katingal saha prau kandhas ing Ararat. Gusti Allah mulihaken bumi dados katingal malih. Sasampunipun toya asat, bumi ngedalaken tetuwuhan énggal kanggé gesangipun para titah.

Kanggé ningali kawontenaning bumi, nabi Nuh ngeculaken peksi dara nanging wangsul malih. Wangsulipun peksi dara mratandhani menawi toyanipun déréng asat. Peksi dara boten manggihaken papan kanggé mèncok. Pitung dinten cand-hakipun, nabi Nuh ngeculaken peksi dara malih. Peksi dara wangsul dhateng prau sinambi bekta pucuking ron zaitun. Wangsulipun peksi dara wau dados tandha yèn toyanipun sampun surut lan tetuwuhan énggal sampun thukul. Nang-ing nabi Nuh nengga pitung dinten malih, lajeng ngeculaken peksi dara ingkang kaping tiga. Pranyata, peksinipun boten wangsul. Punika dados tandha menawi peksi dara wau sam-pun manggihaken papan kanggé gesang. Punika ugi nggam-baraken menawi toya sampun asat saha bumi sampun nuwu-haken tetuwuhan.

Gusti Allah lajeng paring dhawuh dhateng nabi Nuh tuwin brayat agengipun supados medal saking prau lan ngersakak-en sadaya kéwan dipun edalaken. Inggih nabi Nuh sabrayat agengipun tuwin sadaya kéwan ingkang dipun bekta dados titah énggal ingkang manggèn ing bumi énggal. Sasampuni-pun sami manggihaken papan, Gusti Allah paring dhawuh “ngrebdaa lan tangkar tumangkara”. Sabda Dalem Gusti punika dipun tujokaken dhateng sadaya kéwan tuwin Nabi Nuh sabrayat ageng (Purwaning Dumadi 9:1 kacocokaken Purw. 1:22).

Ngemban Sabda
Pangarsaning pepanggihan caos bundhelaning waosan ingkang sampun dipun lelimbang :

Wiwit ing mula bukanipun, Gusti Allah ngersakaken sadaya manungsa gesang rukun saha manggih karaharjan. Mila, sanajan paring paukuman, Gusti Allah tetep nggatosaken manungsa kanthi nyingkiraken banjir bandhang. Sumber-sumbering toya ing samodra saha kori-korining langit dipun tutup. Gusti Allah ugi ngginakaken angin kanggé nyingkiraken toya.

Nalikanipun badhé mangertosi surutipun toya, nabi Nuh ngeculaken peksi dara. Peksi dara dipun dadosaken réncang. Na-likanipun peksi dara mbekta pucuking ron zaitun, nabi Nuh dados yakin menawi tetuwuhan sampun thukul ing bumi.

Pangarsaning pepanggihan maosaken pitakènan saha caos kalodhangan dhateng umat supados paring wangsulan ingkang sampun dipun larasaken kaliyan pen-galamaning gesang.

Wonten ing prastawa punapa kita saged ngraosaken pang-reksa Dalem Gusti Allah tansah ngreksa tuwin dados kalo-dangan mirunggan kangge nresnani sadaya ingkang dipun titahaken?

Sembahyangan Umat
Sasampunipun mirengaken Sabda Dalem, umat kasuwun paring tanggapan srana nyawisaken lan ngunjukaken sembahyangan. Pangarsaning pepanggihan caos kalodhangan dhateng umat kanggé nyawisaken sembahyangan-sembahyanipun. Sembahyangan saged awujud sembah puji, puji sokur, panyuwunan, lan sanésipun. Sembahyangan saged dipun unjukaken sacara spontan utawi maos saking sembahyangan ingkang sampun dipun cawisaken. Menawi wekdalipun longgar, sadaya umat dipun caosi kalodhangan kanggé ngunjukaken sembahyangan. Menawi sampun rampung, sembahyangan umat katutup mawi sembahyangan

Rama Kawula.

Panutup

Sembahyangan Panutup
Pangarsaning pepanggihan nyawisaken manahipun umat kanggé ngunjukaken sembahyangan panutup kanthi panyuwunan supados saged nindakaken karsa Dalem kanthi saéstu.

P Mangga sami munjuk.
Gusti Allah ingkang mahaasih, kawula munjuk sem-bah nuwun awit sampun kepareng nglelimbang tuwin ngraos-ngraosaken Sabda Dalem. Kawula nyuwun mugi Hyang Roh Suci karsaa nuntun kawula amrih saged ngraosaken sih kamirahan Dalem lumantar gumelaring jagad saha kepareng mangertosi karsa Dalem. Kawula kepéngin nindakaken pakaryan ingkang selaras kaliyan karsa Dalem, ngambah ing margi Dalem, saha ndhèrèk Sampéyan Dalem minangka sumbering kawicaksanan sejati. Kawula masrahaken jiwa raga konjuk ing ngarsa Dalem saha keparenga gesang kawula Sampéyan Dalem dadosaken sarana amrih lestantunipun alam sawegung punika. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.
U Amin.

Tandha Salib
P Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Pu-tra, tuwin Hyang Roh Suci
U Amin

Kidung Panutup
KA no. 426 “Kepareng Ngaturaken”.

Pertemuan 4

Prajanji Dalem Gusti Allah dhateng para Titah (Kej. 8:20-9:17)

Ancas Tujuaning Pepanggihan :

  1. Umat nulada nabi Nuh anggènipun nanggapi pakaryan Dalem Allah ingkang paring kawilujengan dhateng titah kalebet kulawarganipun.
  2. Umat mangertosi bilih Gusti Allah tansah setya dhateng prajanjian Dalem.
  3. Umat saged ngetingalaken kasetyanipun dhateng prajan-jianipun kaliyan Gusti Allah kanthi mujudaken cara ge-sang ingkang ngurmati lan nresnani bumi saisinipun.

Wekdal : 90 Menit

Sarining Pepanggihan :
Sasampunipun banjir bandhang surut, Gusti Allah ngawon-tenaken prajanjian kaliyan nabi Nuh tuwin sadaya titah ing bumi. Gusti Allah paring prajanji bilih boten badhé nglebur bumi malih mawi banjir bandhang sanajan manungsa tu-mindak duraka. Sanajan manusia asring nerak karsa Dalem, Gusti Allah ngersakaken sadaya manungsa tetep gumregah nglestantunaken tuwin nresnani bumi saisinipun. Panjenen-ganipun ngersakaken manungsa menuhi bumi. Tandha prajanjianipun Gusti Allah inggih punika “Kluwungku dak pan-jer ing satengahing méga lan iku dadi tandhaning prejanjian ing antarané aku karo bumi” (Purw. 9:13).

Gusti Allah njangkepi pranjanjian Dalem mawi pranatan-pra-natan ingkang kedah dipun ugemi déning manungsa. Sesambetanipun manungsa kaliyan Gusti Allah dipun énggalaken. Sadèrèngipun prastawa banjir bandhang, Gusti Allah paring pranatan bab tetedhaning manungsa ingkang awujud wiji-wiji, woh-wohan; déné titahing Allah sanésipun dipun paringi tetuwuhan ijo (Purw. 1: 29-30). Sasampunipun prastawa banjir bandhang, Gusti Allah yasa prajanjian ingkang dipun sarengi pranatan énggal. Manungsa dipun paringi kalonggaran. Manungsa dipun keparengaken nedha ulam, saé ingkang wonten ing bumi, ing awang-awang, tuwin ing segara. Sana-jan wonten kalonggaran, manungsa boten dipun keparengaken tumindak sawenang-wenang dhateng sadaya titah utawi ndamel makluk gesang kanggé nuruti kasenengan tuwin hawa nepsu. Manungsa ugi boten dipun keparengaken nedha ulam ingkang taksih wonten rahipun. Rahipun kéwan punika mu-judaken jiwanipun saha kagunganipun Gusti Allah.

Pranjanji Dalem Gusti Allah punika paring pengajeng-ajeng dhateng kita bilih bumi saisinipun badhé tetep lestantun. Liripun, bumi dados papanipun manungsa gesang saha manggihaken karaharjan. Sanajan bumi kaancam ing bebaya, nan-ging Gusti Allah boten badhé nilaraken. Sanajan kadurakanipun manungsa (ingkang awujud tumindak sawenang-wenang dhateng bumi) nuwuhaken raos was-was, nanging prajanji Dalem Gusti Allah langkung kiyat tuwin saged ngiyataken kapitayan kita bilih Gusti Allah tetep ngreksa lan makarya kanggé lestantunipun bumi. Kadurakaning manungsa boten saged resik kejawi dipun lebur sedayanipun déning Gusti Allah. Nanging Gusti Allah boten ngersakaken punika. Sagedipun bumi saisinipun lestantun, manungsa dipun agemi prana-tan supados sansaya saé tumindakipun.

Lestantunipun donya mbetahaken pranatan ingkang saged damel masarakat sansaya nresnani bumi. Pranatan dipun betahaken wiwit ing tataran internasional, regional saha nasional. Intipun pranatan inggih punika mranata dhateng sok sintena kèmawon supados sansaya nresnani bumi ingkang dipun wujudaken ing pambudidaya nglestantunaken bumi. Déné semangat ingkang ndhasari inggih punika mbèngkas dan mambengi kadurakan tuwin sawenang-wenanging manungsa anggénipun ngginakaken bumi. Supados pranatan punika mawujud, warganing masyarakat kedah sesarengan njurung dhateng pangarsaning paprentahan. Risakipun bumi sampun sansaya gegirisi. Mila, warganing masyarakat dipun suwun sampun ngantos namung kèndel mrangguli kawonte-nan punika. Kita kedah gumregah ndandosi bumi dados saé.

Sapunika, cacahipun manungsa ing donya sampun kathah sanget. Sawetawis pawongan nggadhahi kasagedan linang-kung tuwin ngèdap-èdapi ing babagan indhaking tuwin lebeting seserepan. Nanging kesagedan punika saged dipun ginakaken sakajengipun piyambak. Mila, supados boten kelampah prekawis-prekawis ingkang ngrisak kawontenan, dipun betahaken pranatan-pranatan. Umpaminipun, prana-tan bab cara ngginakaken sumber alam, pabrik, lan sanés-sanésipun. Umat manungsa ing donya sapunika cacahipun kirang langkung 7,5 milyar. Menawi bumi saisinipun boten dipun tata kanthi saé, pawongan-pawongan ingkang nggad-hahi panguwaos ageng badhé nguwaosi bumi. Menawi sam-pun dipun kuwaosi, bumi temtu dipunolah miturut pepéngi-nanipun. Mila, tumindak ingkang saé kanggé nresnani bumi kedahipun dipun budidaya sesarengan. Sadaya pambudaya-nipun manungsa kedahipun dipun tata, kadosta: pranatan mbangun griya, margi ageng, cara tetanen non organik, lan pambudidaya sanésipun ingkang namung mbujeng kauntun-gan pribadi. Sampun wancinipun kita sesarengan mbangun padatan gesang ingkang ngetingalaken katresnan kita dhateng bumi. Toya-toya dipun jagi supados tetep resik. Wontenipun sampah plastik, limbah kimia, saha racun-racun (pestisida) sampun ngantos dipun ginakaken awit punika saged damel pejahipun sato kéwan alit-alit.

Wontenipun pranatan bab bumi saisinipun kedahipun dipun sarengi kaliyan cara gesanging manungsa ingkang ugi mbudidaya amrih lestantunipun titah. Menawi manungsa taksih tumindak sembrono tuwin sasekècanipun piyambak, pangajab punika boten badhé kaleksanan. Masyarakat kedahipun dipun wulang “pendidikan dan spiritualitas ekologis, latihan gaya hidup baru yang ramah lingkungan, pilihan hidup sederhana yang didorong oleh tradisi agama kita” (LS 6). Nglestantunaken alam saisinipun mbetahkan pambudidaya ingkang tanpa kendhat saha kedah latihan. Mbangun kasa-daran nindakaken prekawis alit saged dados tuladha. Mugi-mugi sansaya kathah umat katolik pinaringan daya kekiyatan kanggé nglestantunaken bumi kados ingkang sampun dipun ketingalaken déning Nabi Nuh.

Pambuka

Kidung Pembuka
KA no. 403 “Pinujia Pangran”
Tandha Salib lan Salam
P Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Pu-tra, tuwin Hyang Roh Suci.
U Amin
P Mugi sih nugraha Dalem Gusti Yésus Kristus, asih tresna Dalem Allah Hyang Rama, lan Hyang Roh Suci tansah manunggila.
U Kaliyan kula sadaya

Atur Cecala
Pangarsaning pepanggihan ngaturaken utawi maosaken “Sarining Pepanggihan kaping IV”. Sasampunipun punika, kalajengaken ngaturakan utawi maosaken “cecala” kados kaserat ing ngandhap minangka gegambaran lampahipun pepang-gihan.

Bapak, ibu, lan para sadhèrèk ingkang kinasih ing Gusti, sug-eng sonten/dalu, berkah Dalem. Mangga sami muji syukur konjuk ing Gusti awit kita taksih dipun keparengaken kempal sesarengan saperlu nglelimbang Sabda Dalem. Minggu kap-engker kita nglelimbang timbalan Dalem kanggé nglestantu-naken bumi saisinipun. Gusti Allah émut dhateng kasetya-nipun nabi Nuh tuwin sadaya titah saéngga bumi dados gar-ing lan bumi dados énggal.

Déné ing pepanggihan dinten punika, kita badhé nglelimbang pranjanji Dalem Gusti Allah kaliyan sadaya titah. Kita badhé ngudhari saha manggihaken tuladhanipun nabi Nuh anggé-nipun nanggapi timbalanipun. Kejawi punika kita ugi badhé mangertosi kanthi lebet kados pundi Gusti Allah ngetingalak-en kasetyanipun ngreksa bumi saisinipun. Kita, minangka ti-tah ingkang pitados dhateng pangreksa Dalem, badhe ngudi saha nélakaken kasetyan kita anggénipun badhé nglestantu-naken bumi paring Dalem.

Sembahyang Pambuka
P Mangga sami munjuk.
Gusti Allah kawula, tuhu agung Asma Dalem ing salu-mahing bumi! Pinujia Asma Dalem krana kasaénan tu-win kamirahan Dalem ingkang tansah ngiringi gesang kawula. Dalu punika kawula badhé nglelimbang pakary-an Dalem nalikanipun yasa prajanjian kaliyan manungsa tuwin titah Dalem. Kawula pitados saéstu bilih Sampéyan Dalem tansah setya dhateng prajanji ing salami-laminipun. Kawula nyuwun sih pitulungan Dalem supa-dos saged nulad anggénipun njagi tuwin nresnani bumi saisinipun. Mugi kawula saged ndhèrèk pepanggihan punika kanthi saéstu saha saged mujudaken Sabda Dalem ing tindak tanduk kawula. Gusti, kawula aturi ngandika, kawula badhé mirengaken. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula.
U Amin.

Nglelimbang Sabda Dalem

Maos Sabda Dalem (Purw. 8:20-9:17)
Pangarsaning pepanggihan saged nyuwun dhateng(milih) sawetawis umat ing-kang rawuh kanggé maosaken Sabda Dalem ing ngandhap. Saben ayat dipun waos gentosan, sora, saha las-lasan. Déné umat sanésipun mirengaken kanthi saéstu utawi ingkang ngasto Kitab Suci saged maos wonten ing batos.

8:20Nuli Nuh yasa altar kagem Yahwé: dipilih kéwan kang resik lan manuk kang resik, disaosaké dadi kurban ana ing altar. 21Yahwé nyerot aruming ganda lan nuli ngendika pi-yambak: “Aku wus ora bakal nyepatani bumi marga ma-nungsa, awit manungsa derenging atiné mula mulung ma-rang piala wiwit cilik mula. Uga makluk liyané ora bakal dak ukum kaya samengko. 22Sasuwéné bumi isih ana, bakal tetep ana mangsané nyebar, mangsané panèn, ana adhem, ana panas, mangsa panas, mangsa bedhidhing, ana dina, ana wengi, ora bakal ana pundhaté.

9:1Gusti Allah mberkahi Nuh lan anak-anaké, sarwa dipan-gandikani: “Disubur, padha tangkar-tumangkara lan ngeba-kana bumi. 2Kowé dadia éring lan wediné kéwan sabumi, kabèh manuk ing awang-awang, kabèh kang gumremet ana ing bumi lan kabèh iwak ing sagara: kabèh dakbawahké ma-rang kuwasamu. 3Kabèh kang mobah sarta urip dadia pan-ganmu; iku kabèh dakwènèhaké marang kowé, semono ugaijoning tetanduran. 4Mung kowé aja mangan daging karo nyawané, yaiku sagetihé. 5Malah getihmu dhéwé uga bakal dakjaluk bali: dakjaluk bali getihing kabèh kéwan, getihing manungsa, getihing manungsa siji lawan sijiné, bakal dak-jaluk bali uriping manungsa. 6Sapa sing ngutahaké getih-ing manungsa, getihé genti diutahaké déning manungsa, awit manut citra Dalem, Allah nitahaké manungsa. 7Déné kowé dadia subur, tangkar-tumangkara, kebakana bumi lan bawahna.”

8Gusti Allah ngendika marang Nuh sarta anak-anaké mang-kéné: 9“Saiki aku netepaké prejanjianku karo kowé lan turun-turunmu sapamburi. 10Iya karo kabèh makluk urip kang mèlu kowé: manuk-manuk, kéwan ingon lan kéwan galak kabèh kang kok gawa, kabèh kang metu saka ing prau, sakèh sato kang ana ing bumi. 11Aku netepaké prejan-jianku karo kowé: wis ora bakal ana makluk urip kang sirna marga banyuning banjir bandhang, wis ora baka ana banjir teka nglebur bumi manèh!”. 12Lan Gusti Allah ngendika: “Iki sing dadi pratandhaning prejanjian, kang daktetepaké antarané aku karo kowé lan sakèh makluk urip kang mèlu kowé, turun-tumurun ing sapamburiné. 13Kluwungku dak panjer ing satengah-tengahing méga lan iku dadi tandhan-ing prejanjian ing antarané aku karo bumi: 14Yèn samangsa aku numpuk méga ana ing bumi lan kluwung katon ana ing méga, 15aku bakal éling marang prejanjian antarané aku lan kowé lan sakèh makluk urip, iya kabèh kang sinungan nyawa, lan banyu wis ora bakal dadi banjir, nyirnakaké sakèh urip. 16Yèn kluwung manjer ana ing méga, aku bakal sumurup lan éling marang prejanjianku langgeng kang daktetepaké ing antarané Allah lan sakèh makluk urip, iya kabèh kang sinungan nyawa”. 17Gusti Allah ngendika ma-rang Nuh: “Iya iki tandhaning prejanjian kang daktetepaké antarané aku lan sakèh urip ana ing donya”. 18Anak-anaké Nuh kang bareng mudhun saka ing prau iku Sèm, Kam, lan Yapèt: Kam iku bapakné Kanaan. 19Iya telu iku anaké Nuh: kang dadi bibit ngebaki bumi kabèh.

Necep Sabda
Sadéréngipun saraséhan, menawi karaos saé saha mingunani tumraping ingkang rawuh, teks dipun waos malih. Sasampunipun punika, saraséhan kawiwitan. Me-nawi kaanggep saé tuwin saged dipun lampahi, pangarsaning pepanggihan saged damel kelompok-kelompok alit.

  1. Punapa ingkang dipun tindakaken nabi Nuh sasampuni-pun medal saking prau?
  2. Kados pundi pangandikanipun Gusti Allah menggahing pakaryan ingkang dipun tindakaken déning nabi Nuh?
  3. Pranatan punapa ingkang dipun paringaken Gusti Allah dhateng nabi Nuh gayut kaliyan lestantunipun bumi?
  4. Punapa tandha kasetyanipun Gusti Allah dhateng nabi Nuh?
  5. Punapa ingkang saged kita pethik maknaning prajanjian Dalem Gusti Allah kaliyan sadaya titah?
  6. Kados pundi saged nanggapi prajanji Dalem Gusti puni-ka?

Neges Sabda
Pangarsaning pepanggihan caos sawetawis katrangan menggahing waosan ing-kang dipun lelimbang. Menawi dipun penggalih prelu, pangarsaning pepanggi-han saged nambahi katrangan ingkang kapundhut saking “Penjelasan Cerita Air Bah” ing Gagasan Pendukung.

Gusti Allah sampun kersa paring kawilujengan dhateng nabi Nuh sabrayatipun tuwin sadaya titah. Minangka wujuding atur panuwun, nabi Nuh yasa altar kanggé ngunjukaken korban besem ing ngarsa Dalem. Gusti Allah nampi kurbanipun nabi Nuh karana kasetyanipun. Kejawi punika Gusti Allah paring wedharan pakaryan agung. Gusti Allah sampun karsa ngetingalaken kekeran pribadi Dalem sacara énggal saha wetah.

Gusti Allah paring dhawuh dhateng nabi Nuh tuwin anak tu-runipun supados tangkar tumangkar ngrebda tuwin ngebaki bumi. Kejawi punika, Gusti Allah paring wedharan prana-taning gesang inggih punika: manungsa dipun awisi mejahi sesaminipun. Gesanging manungsa kedah ngetingalaken ka-tresnan dhateng sesaminipun srana boten nedha ulam ing-kang taksih wonten rahipun. Pangajabipun, menawi manung-sa ngugemi pranatan punika, bumi badhé tetep lestantun saé saha luwar saking sadaya bebaya ingkang ngancam gesanging manungsa.

Isinipun prajanjian antawisipun Gusti Allah kaliyan manung-sa inggih punika bilih Gusti Allah boten badhé nedhakaken banjir bandhang malih. Malah kosok wangsulipun, Gusti Al-lah badhé tansah tetep setya njagi tuwin ngreksa sadaya ti-tah. Tandha prajanjianipun Gusti Allah awujud kluwung in-gkang dipun pasang di awang-awang. Kluwung dados tandha pangiket antawisipun Gusti Allah kaliyan manungsa saha da-dos jaminanipun bilih bumi tetep lestari.

Ngemban Sabda
Pangarsaning pepanggihan caos bundhelaning waosan ingkang sampun dipun lelimbang :

Gusti Allah yasa prajanjian antawisipun nabi Nuh saha sa-daya titah. Isinipun prajanjian inggih punika bilih Gusti Allah badhé tansah setya njagi lestantunipun bumi. Ingkang dipun kersakaken déning Gusti Allah inggih namung kawilujengan saha katentremanipun alam donya.

Gusti Allah sampun medharaken kasetyanipun dhateng donya. Mila, kita ugi kedah mujudaken kasetyan kita kang-gé njagi tuwin nresnani bumi. Salah satunggiling cara ing-kang saged kita tindakaken inggih punika mbudidaya gesang ingkang “ramah lingkungan”: ngurmati, boten sawenang-wenang, saha boten damel suker-regedipun bumi. Menawi prekawis punika kita tindakaken, kita miwiti gesang énggal saha dados saksi Dalem anggénipun nresnani bumi saisi-nipun

Pangarsaning pepanggihan maosaken pitakènan saha caos kalodhangan dhateng umat supados paring wangsulan ingkang sampun dipun larasaken kaliyan pengalamaning gesang.

Gusti Allah sampun ngetingalaken kasetyanipun dhateng manungsa. Gayut kaliyan timbalan kita nresnani bumi, Pu-napa ingkang saged kita tindakaken sesarengan gayut kaliyan kasetyan Dalem Gusti?

Sembahyangan Umat
Sasampunipun mirengaken Sabda Dalem, umat kasuwun paring tanggapan srana nyawisaken lan ngunjukaken sembahyangan. Pangarsaning pepanggihan caos kalodhangan dhateng umat kanggé nyawisaken sembahyangan-sembahya-nipun. Sembahyangan saged awujud sembah puji, puji sokur, panyuwunan, lan sanésipun. Sembahyangan saged dipun unjukaken sacara spontan utawi maos saking sembahyangan ingkang sampun dipun cawisaken. Menawi wekdalipun longgar, sadaya umat dipun caosi kalodhangan kanggé ngunjukaken sembahyan-gan. Menawi sampun rampung, sembahyangan umat katutup mawi sembahyan-
gan Rama Kawula.

Panutup

Sembahyang Penutup
Pangarsaning pepanggihan nyawisaken manahipun umat kanggé ngunjukaken sembahyangan panutup kanthi panyuwunan supados saged nindakaken karsa Dalem kanthi saéstu.

P Mangga sami munjuk.
Dhuh Gusti ingkang mahaasih, kawula muji sokur awit sampun kepareng mirengaken saha nglelimbang Sab-da Dalem. Mugi karsaa ngutus Hyang Roh Suci supa-dos kawula saged ngraos lan mangertos lenggah Dalem wonten ing sesami ingkang kawula prangguli saha lelam-pahan-lelampahan ingkang kawula alami salaras kaliyan kapitadosan kawula. Mugi karana dayaning Hyang Roh Suci wau, kawula saged nindakaken karsa Dalem. Mugi wonten dhanganing penggalih nuntun kawula supados sansaya setya ngabdi ing Sampéyan Dalem. Gusti ing-kang kawula dhèrèki, karsa Dalem ingkang badhé kawula lampahi. Sumangga kawula aturi tumindak sakarsa Dalem dhateng kawula. Kawula pasrahaken jiwa kawula demi luhuring Asma Dalem, lantaran Sang Kristus Gusti kawula.
U Amin.

Tanda Salib
P Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Pu-tra, tuwin Hyang Roh Suci
U Amin

Kidung Penutup
KA no. 400 “Pangéran ing Ngaluhur”.

Download Bahan Pendalaman BKSN 2019

Leave a Reply